Rabu, 22 September 2010

Lyrics Of Children Songs

Gambang Suling

Gambang suling ngumandang swarane
Tulat tulit kepenak unine
U..........ni....ne... mung nrenyuh ake
Barengan lan kentrung ketipung suling
Sigrak kendangane


Ilir-Ilir

Lir ilir lir ilir tandure wong sumilir
Tak ijo royo royo
Tak sengguh panganten anyar
Cah angon cah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekna kanggo mbasuh dodotira
Dodotira dodotira kumintir bedah ing pinggir
Dondomana jrumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung padang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Sun suraka surak hiyo.


Suwe ora jamu

Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela

Tidak ada komentar:

Posting Komentar